G U S T I
Karya
: Davit Harijono
Gusti,
aku wis kaweden wengi iki
kaya wengi – wengi sadurunge
nalika adzan wis ilang
lan langit wis ganti gambare
widadari wis ilang swarane
gusti,
wis kewirangan saiki
impen – impen sengit sing kokparingake
sasmita – sasmita lungit sing kokbeberake
ing papan lungguhku anget dening kringet
pating clekit tinggimu
gawe ora jenjemku
gusti,
apa isih ana kalodhangan
raiku wis kaku dening sakeh dedosa sing bakal walaka
mobah mosiking tangan lan sikilku
wis ora bisa dakduwa
mbabar crita wingi uni
ing mangsa rembulan ndadari aku
tinggal glanggang
gusti ,
pasaku dadi saya sepi
sepa adoh saka swaraning darus
lan tekdhur iku mung dadi klothekane wong kampong
ngoyak ndruwo
mung liwat bolonganing atiku
malah akeh sing padha lungguh medhingkrang
masang pangilo burek ing sangareping dhapukan
padha rerasan urip iku tata liar
apa arep nggayuh sampurnaning batin
yen sanggan iki dadi abot tekan mbun mbunan?
ora riyayan ora gatelen. Klambi wingi isih sedheng
yen geni ing pawon kae ora murub, apa arep
kokgrujuk banyu?
Gusti,
aku wis kaweden wengi iki
kaya wengi – wengi sadurunge
nalika adzan wis ilang
lan langit wis ganti gambare
widadari wis ilang swarane
gusti,
wis kewirangan saiki
impen – impen sengit sing kokparingake
sasmita – sasmita lungit sing kokbeberake
ing papan lungguhku anget dening kringet
pating clekit tinggimu
gawe ora jenjemku
gusti,
apa isih ana kalodhangan
raiku wis kaku dening sakeh dedosa sing bakal walaka
mobah mosiking tangan lan sikilku
wis ora bisa dakduwa
mbabar crita wingi uni
ing mangsa rembulan ndadari aku
tinggal glanggang
gusti ,
pasaku dadi saya sepi
sepa adoh saka swaraning darus
lan tekdhur iku mung dadi klothekane wong kampong
ngoyak ndruwo
mung liwat bolonganing atiku
malah akeh sing padha lungguh medhingkrang
masang pangilo burek ing sangareping dhapukan
padha rerasan urip iku tata liar
apa arep nggayuh sampurnaning batin
yen sanggan iki dadi abot tekan mbun mbunan?
ora riyayan ora gatelen. Klambi wingi isih sedheng
yen geni ing pawon kae ora murub, apa arep
kokgrujuk banyu?
JANJI SEPI
Dening :
Budhi Setyawan
dawane rel
sepur liwat tengah alas sawah apadene kutha
prasasat isih
dawa janjimu
kang nggawa
daya sumringah ing sajroning laku
nlusup ing
balung sungsum
angin melu
nggoleki playune rasa kang sliramu gawa
netramu yen lagi
nyawang jagad
agawe donya
njomplang kadya katrajang gara-gara
ora kuwat
nyangga bumi
ora kuwat
ngreksa budi
angin isih
nggoleki aburing kupu
mangsa
rendheng udane nggrejih
nanging kali
durung akeh banyune
rasa aneh kaya
kang wis nate daksasakke
ngebaki guwa
pertapan asri
kekidungan
dhewe tan kena dipenggak
kadya lali
purwa duksina
angin njajah
desa milang kori marsudi janjimu wingi
Kapetik saka :
http://budhisetyawan.wordpress.com
0 komentar:
Posting Komentar