I.
PURWAKA
Puji Syukur dhumateng ngarsaning Gusti ingkang
Maha Wikan, awit saking rahmat lan kamirahanipun, kita saged ngrampungaken
panyeratan laporan punika. Judulipun laporan inggih punika ”makalah bahasa Jawa
bebagan Batik Kebumen”. Laporan punika karonce kangge nglengkapi tugas Bahasa
Jawi bebagan Wawanrembag.
Wonten ing penyeratan laporan punika, penulis
nghaturaken agunging panuwun dhumateng pihak-pihak ingkang sampun ndukung
kelancaraning wawanrembag punika.
Maturnuwun kaaturaken dhumateng .
1.
Bapak Haji Darsono, ingkang sampun maringi sedoyo
ayahan bebagan Batik Kebumen.
2.
Bapak H. Akhiran, ingkang sampun maringi ayahan
bebagan babad Batik Kebumen.
3.
Ibu Hikmah ingkang sampun maringi ayahan bebagan
motif-motif ingkang wonten ing Kabupaten Kebumen
Penulis ngertos dalem ngronce laporan punika
kathah kakirangan. Kritik lan saran sanget dipunmawantu- wantu dening penulis.
Kebumen, 6 November 2012
Penulis
II.
ANDHARAN
BATIK
Batik
yaiku salah sawijining kabudayaan Jawi kang wis nglumantara kanthi manca
negara. Batik asale saka tembung “amba” utawa nulis lan tembung “tik”. Miturut
tembung iku, batik bisa diartikaken kabudayaan nulis utawa nggambar ana ing
sawijining kain lan kudu ngliwati
proses-proses tertentu.
Batik
kuwi akeh maceme, ana batik Kebumen, batik Pekalongan, batik Yogyakarta, batik
Surakarta, lan sapanunggalane. Kuwi kabeh nduweni ciri khas dhewek-dhewek.
Kayata motif, werna, lan proses gawene. Saiki batik wis dadi kabudayaane wong
Indonesia kang wis dikukuhaken dening UNESCO. Batik pertama kali dikenalaken
ana ing masyarakat dunia dening Presiden Soeharto ana ing konferensi PBB. Mula,
kita kudu bangga marang kabudayaane kita. Aja seneng nganggo produk-produk
asing. Nduweni kabudayaan luhur kaya batik ora kur kudu bangga, tapi kudu
ngerti babade, cara nggawene, motif, lan sapanunggalane.
Salah
sawijining batik ingkang lagi populer ana ing masyarakat yaiku batik saka
Kebumen. Batik iki nduweni motif lan werna kang mrnarik. Batik Kebumen nduweni
motif warisan kang wis turun menurun kanthi saiki. Motif kuwi wis ana ket 100
tahun biyen. Lan uga ana motif kontemporer, campuran saka motif warisan lan
kreasi saiki. Motif warisan kayata Rama Buntung, Pisang Bali, Sekar Jagad, lan
sapanunggalane. Kepriye awale batik isa mlebu ana ing kutha Kebumen?
A.
Piranti kang Dibutuhaken
Piranti kang
dibutuhaken kango gawe batik yaiku
a. Kain mori primis
Kain mori
primis gunane kanggo nulis utawa nggambar corak batik. Supaya kasile batik
luwih apik, kain mau direndem sedela ana ing trigu. Sawise kuwi dijemur, nembe
kain isa kanggo nulis. Tapi nek ora nganggo cara kuwi ya tetep bisa kaine
dibatik.
b. Canthing
Canthing yaiku
piranti kaya cerutu kang gunane kanggo nulis utawa nggambar ana ing kain
migunakake malam. Malam kang isih panas dijupuk nganggo malam. Lan salanjute
kain digambar kanggo gawe corakke. Biasane para pengrajin ndamuni malam ana ing
canthing supaya ora kepanasan.
c. Malam utawa lilin
Malam utawa lilin gunane kanggo gawe corakke.
Bagian kain kang ketutup malam warnane dadi putih.
d. Kompor
Kompor gunane kanggo manasi malam utawa lilin.
Yen ora dipanasaken malam utawa liline dadi atos ora cair.
e. Pewarna
Pewarna yaiku bahan utawa zat kanggo meehi warna
ana kain. Pewana isa saka pewarna alami lan sintesis. Pewarna alami kayata
pandan, kunir, lan sapanunggalane.
B.
Proses Gawe Batik
Nggawe batik nduweni proses-proses tertentu.
Utamane batik tulis kang lumayan rumit. Rumite proses iki tergantung karo warna
lan corak. Saya akeh lan rumit corakke uga saya angel gawene. Saya akeh wernane
prosese tambah dawa. Proses gawe batik kang sederhana isa diwaca ana ngisor
iki.
a. Gawe corak
Gawe corak iku
bisa sesuai kreatifitas dhewek-dhewek utawa isa gawe corak warisan. Corak iki
diwujudaken ana tulisan ing kain mori. Corak digambar migunakake canthing kang
diisi malam. Gunane malam yaiku kanggo mbatesi corak lan nutup supaya pas
pewarnaan ora melu kena warna.
b. Mernani
Kain kang uwis
digambari motif tertentu, diwarnani nganggo pewarna. Carane, kain dicelupaken
ana ing pewarna bola-bali trus dipepe ana ing panggonan kang iyup, aja kena
matahari langsung. Tapi proses pewarnaan iki kur bisa kanggo sewarna. Yen
kepenging macem-macem warna kudu mbaleni proses ket awal sawise nglorot.
c. Nglorot
Nglorot yaiku
ngilangake malam saka kain kanthi cara digodhok. Bekas malam mau malik dadi
warna putih.
d. Proses akhir
Proses akhir yaiku kelebu
proses kanggo mepe kain lan ngurusi jragat reget ana ing kain, kayata malam
sing taksih ketinggalan lan sapanunggalane. Supaya luwih menarik kain disetrika,
tapi aja nganggo panas sing terlalu tinggi, amarga bisa ngrusak warna kain
batik.
SEJARAH BATIK KEBUMEN
Sejarah Batik ing Kebumen diwiwiti awal abad XIX ingkang dibeta dening
piyayi saking Yogya kanthi ancas kangge dakwah Islam kayata ingkang diwanuh
yaiku : Penghulu Nusjaf. Penghulu Nusjaf ingkang ngembangaken baik ing Kebumen.
Proses batik kapisan ing Kebumen dipunparingi asma tengabang utawi blambangan
dalah saterusipun proses wekasan dipun garap ing Banyumas/Solo. Kisaran awal
abad XX kagem damel polanipun dipun ginakaken kunir ingkang cap-ipun didamel
saking kayu. Motif-Motif ingkang dominan yaiku : tanem-taneman lan peksi.
Pewarna ingkan dipunginakaken yaiku bahan-bahan alami kayata : wit pace,
kemudu, lan nilai tom. Ing taun 1920 ngginani bahan alami wiwit ditinggalaken
amargi prosesipun perlu wektu ingkang boten sekedap. Pigunaan cap saking
tembaga dipunkenal kisaran taun 1930 ingkang dibeta kaliyan pengusaha saking
Yogyakarta.
Umumipun, batik Kebumen pancen unik sanget dalah narik kathah perhatian pecinta Batik Tanah Air,
boten sekedik ingkang saking wetu Jawa kayata Bali dalah Sumatera, malah wonten
ingkang pengrajin Batik Tulis Kebumen ngandaraken menawi wonten pelanggan
sampun tekan Belanda.
BABAGAN BATIK KEBUMEN
Batik Tulis ing Kebumen dadi: 1.
Batik Tulis Klasik, 2. Batik Tulis Kontemporer. Batik tulis klasik kalebu batik
tradisional. Batik iki duweni ciri, werna luwih peteng. Proses kanggo damel
batik tulis klasik mbutuhake wektu kisaran 10 dina nganti sewulan. Pewarnaanipun ngaangge sistem celup
tumpangan. Mula wektu pendamelane luwih suwe. Batik tulis kontemporer kalebu
batik kang rada njeketek, boten serumit batik tulis klasik. Batik iki duweni
ciri, werna luwih cerah. Wektu pendamelana kisaran seminggu sampun dadi.
Awal mula motif batik ing Kebumen,
ningali saking apa kang ana ing lingkungan sekiare utawi papan ingkang pundi
batikipun didamel. Papan-papan pengrajin batik ing Kebumen kayata ing
Tanuraksan, Pejagoan, Alian, lan Jemur. Sepintas, motif-motif batik ing tiap
dhaerah ketingal pada. Nanging, mesti beda. Bedanipun yaiku ing isen-isenan.
Batik Tanuraksan isen-isenanipun kayata motif ‘ceker ayam’, batik Jemur kayata ‘gringsing’.
Werna khas batik kebumen yaiku coklat, biru, ijo. Werna ijo uga campuran werna
biru ditambah kuning.
Motif-motif batik Kebumen awalipun
wonten filosofinipun. Motif ingkang khas Kebumen kayata ‘sekar jagad’ dalah ‘semen
romo’. Nanging, sairing perkembangane jaman, kreasi para pengrajin saya suwe
saya kreatif. Mula filosofi ing motif batik wiwit ditinggalaken.
Batik cap uga kathah wonten ing
Kebumen. Anggen batik cap, wektu pendamelanipun luwih cepet. Ing seminggu saged
damel dados 40 kodi lembar kain batik. Reginipun uga luwih murah.
Minatipun masarakat kalian batik ing
Kebumen radi kathah. Peminatipun kayata ing kalangan dinas (PNS), sekolah,
instansi swasta, lan organisasi. Ing Kebumen uga ana paguyuban pengrajin batik
ing wujud Paguyuban Klaser Batik Kebumen. Para pengrajin, dameli batik kangge
keperluan usaha uga kangge nglestantunaken budaya batik ing Kebumen.
MOTIF-MOTIF BATIK
- Motif Sekar Jagad
Motif iki duweni makna ayu dalah kaendahan saengga tiyang sanes ingkang
ningali saged kesengsem. Wonten ugi ingkang duweni anggepan anggen motif Sekar
Jagad asalipun saking basa Jawi (kar=peta; jagad: dunya), saengga motif iki ugi
nggambarake keragaman ing dunya.
- Motif Semen Rama
Motif iki nggambarake saking “kauripan kang semi”
(kauripan kang mulya lan makmur). Wonten ornamen kang pokok ing motif-motif
semen. Kayata motif tanem-taneman utawi kewan kang sikile sekawan. Lajeng,
ornamen kang ana kaitane dening udara, kayata garuda, peksi, dalah megamendung,
ornamen kang ana kaitane dening laut utawi banyu, kayata, ula, iwak, dalah
kodhok. Jinis ornamen kasebut mbok bilih ana kaitane dening paham Triloka utawi
Tribawana. Paham kasebut yaiku warahan babagan anane tiga dunya : dunya tengah
papan urip manungsa, dunya dhuwur papan para dewa dalah para suci, sarta dunya
andhap yaiku papan manungsa kang kauripanipun kathah angkara murka.
- Motif Kopi Pecah
Motif iki nggambarake simbol-simbol pertanian dalah kagiyatan mbatik ing
sadinanipun si pembatik. Gambaripun yaiku kopi ikang sampun mlethak.
- Motif Gringsing
Motif iki saking ‘gring’ = lara, dalah ‘sing’ duweni arti ‘boten’. Arti
motif iku yaiku nolah segalane penyakit.
- Motif Blaburan Garuda
Batik iki kalebu batik klasih ingkang duweni makna yaiku simbol kegagahan
dalah kejantanan ing kauripan. Manuk garuda ing pandangan masarakat Jawa duweni
kadudukan kang penting kanggo simbol kegagahan. Motif iki wonten kaitanipun
saking kapercayaan masa lalu. Garuda yaiku tumpangan Batara Wisnu kang dikenali
kasebat Dewa Matahari. Dadi, kajaba iku ugi diarani simbol kejantanan.
III.
WUSANA
A.
Pungkasan
Sejarah Batik ing Kebumen
diwiwiti awal abad XIX ingkang dibekta dening piyayi
saking Yogya kanthi ancas kangge dakwah Islam kayata ingkang diwanuh yaiku :
Penghulu Nusjaf, Penghulu ingkang ngembangaken baik ing Kebumen.
Umumipun, batik Kebumen
pancen unik sanget dalah narik kathah
perhatian pecinta Batik Tanah Air, boten sekedik ingkang saking wetu Jawa
kayata Bali dalah Sumatera, malah wonten ingkang pengrajin Batik Tulis Kebumen
ngandaraken menawi wonten pelanggan sampun tekan Belanda.
Batik Tulis ing Kebumen
dadi: 1. Batik Tulis Klasik, 2. Batik Tulis Kontemporer. Batik tulis klasik
kalebu batik tradisional. Batik iki duweni ciri, werna luwih peteng. Proses
kanggo damel batik tulis klasik mbutuhake wektu kisaran 10 dina nganti sewulan.
Batik cap uga kathah wonten ing Kebumen. Anggen batik cap, wektu pendamelanipun
luwih cepet. Ing seminggu saged damel dados 40 kodi lembar kain batik.
Reginipun uga luwih murah.
Awal mula motif batik ing
Kebumen, ningali saking apa kang ana ing lingkungan sekiare utawi papan ingkang
pundi batikipun didamel. Papan-papan pengrajin batik ing Kebumen kayata ing
Tanuraksan, Pejagoan, Alian, lan Jemur. Sepintas, motif-motif batik ing tiap
dhaerah ketingal pada. Contoh motif batik ingkang wonten ing kebumen,
iku kayata Motif Sekar Jagad, Motif Semen Rama, Motif Kopi pecah, Motif
Gringsing, lan Motif Blaburan Garuda.
B. Saran
Saking
andharan ingkang sampun dijlentrehaken, saged dipundhut kesimpulan kados punika
:
1. Pamarentah
supados ndukung batik ing kebumen kanthi dukungan finansial utawi material
2. Pamarentah
supados nyebaraken informasi ngenani batik kebumen ing media massa.
3. Masyarakat
supados tumut nglestarikaken batik kebumen kanthi tumbas batik asli kebumen.
IV.
LAMPIRAN
A.
WAWANREMBAG
- Pambicara : Bapak H. Darsono (60)
Papan : RT. 04/II Tanuraksan, Gemeksekti, Kebumen
Tanggal : 27 Oktober 2012
- Pambicara : Bapak H. Akhiran (52)
Papan : RT. 04/II Tanuraksan, Gemeksekti, Kebumen
Tanggal : 3 November 2012
- Pambicara : Ibu Hikmah (39)
Papan : Jl. Karangsambung RT.06/II Gemeksekti, Kebumen
Tanggal : 5 November 2012
B.
DIALOG WAWANREMBAG
Ulfah : “Sugeng enjang, Pak. Kula
Ulfah saking SMA N 1 Kebumen. Niki Nisa, Sulwan, Maya lan Syafiqoh. Kula lan
kanca-kanca badhe nyuwun wekdalipun panjenengan kagem wawanrembag, punapa
saged, Pak?”
H.
Darsono : “ inggih saged mas, mba. Bebagan apa ya?”
Ulfah : “Kula lan kanca- kanca badhe
nyuwun priksa babagan bathik Kebumen. Sumangga, Pak dipunwiwiti kemawon
Ulfah :
“Bathik punika mlebet wonten Kebumen awit taun pinten nggih, Pak?”
H.Darsono :
“Bathik mlebu wonten Kebumen wiwit taun 1968.”
Ulfah :
“Punika wiwitanipun kepripun bathik saged mlebet wonten kuto Kebumen?”
H. Darsono :
“Wiwitanipun wonten bathik khas Kebumen. Nalika iku dipunkumpulaken ing Jawa
Tengah. Kaya ing Kampus UGM, Universitas Diponegoro lan sakpanunggalanipun.
Istilahe nganakake seminar. Seminar bathik menika teksih nganggo peralatan
saking perindustrian. Wektu iku bapak melu seminar menika.”
Ulfah : “Sinten ingkang mbekta
kebudhayaan punika?”
H.Darsono : “Wong kang melu seminar menika, menawi
wangsul menyang kota Kebumen nggawe usaha bathik kaya bapak lan rencang-
rencang.”
Ulfah : “Punapa bathik Kebumen namung
wonten ing dhaerah tertentu, kayata Pejagoan Tanuraksan?”
H.Darsono :
“Mboten. Yen bathik cap khusus wonten dhaerah Kebumen lan Tanuraksan. Namung
wonten ugi bathik tulis, yaiku wonten ing Aliyan, Jemur lan Pejagoan.”
Ulfah : “Bathik wonten ing dhaerah-
dhaerah anggadhahi motif ingkang khas, kayata Ngayogyakarta lan Surakarta
ingkang saged dibentenaken kaliyan sanesipun. Punapa bathik Kebumen inggih
gadhah?”
H.Darsono : “Gadhah. Yaiku motif burung walet kang
ana ing motif sekar jagat.”
Kejaba iku
bathik Kebumen ugi anggadhahi motif liyane. Yaiku semen rama, rama bunting,
pisang bali, bubur sentre lan gingsing. Sakjane bapak anggadhahi 50 motif,
nanging bapak kesupen.
Ulfah :
“Kadosipun bathik Kebumen anggadhahi warna khas, punapa punika Pak?”
H.Darsono : “Kanggo motif sekar jagat nggunakake
warna coklat lan ireng. Nanging sakniki akeh ingkang warna-warni kaya warna
biru lan sakpanunggalanipun.”
Ulfah :
“Pirantinipun punapa kemawon ingkang dibetahaken kagem ndamel batik? Lan
ginanipun piranti punika kagem punapa?”
H.Darsono :
“Bahanipun yaiku :
1.
Mori
Kapas diproses dados kain. Kain menika dijenengi
mori utawi prima
2.
Malam
utawa lilin
Malam utawa lilin menika digawe saka :
3.
Ganda
utawa paraffin
4.
Songka
saka getah pines
5.
Mata
kucing
6.
Mikrolas
Bahan – bahan menika dipanasaken ngantos
mendidih. Sakwise mendidih lajeng diademake lan dicampur minyak gajih
7.
Cap
bathik
Motif bathik Kebumen yaiku sekar jagat, semen rama, rama bunting,
pisang bali, bubur sentre, gingsing lan liya-liyane
8.
Obat
utawa warna
Warna
bathik celup yaiku ireng, coklat lan biru. Warna ireng digawe saka campuran
ASBO + ASG+ ASBR + Postik. Yen warna coklat digawe saka campuran ASG + ASBO +
ASBR + Postik. Warna biru digawe saka campuran biru B + Ireng. Garam digawe
saka campuran Biru B + Merah B + Merah R. “
Ulfah :
“Kagem pewarnaan niku ngagem bahan alami utawi sintesis, Pak?”
H.Darsono :
“Sakniki nganggo warna sintesis amarga warna alami wis larang lan langka. Ing
Jogja warna alami ngantos kira-kira 2 yuta.”
Ulfah :
“Kepripun caranipun ndamel bathik, Pak? Lumampahan punapa kemawon ingkang kedah
ditindakaken?”
H.Darsono :
“Carane nggawe batik yaiku :
1.
Siapaken
alat lan bahan mau ingkang wis disebutaken.
2.
Banjur
kain dicetak utawa dicap ngagem cap kain. Cap kain menika digawe saka tembaga.
3.
Sawise
dicap, kain menika di obati utawa diwarnai.
4.
Pengobatan
sepindah kain diwei warna ireng kang wis dicampuri bahan ASBO+ ASG +
ASBR+Postik. Warna liyane yaiku biru ingkang campurane wis disebutaken mau.
Kain kang wis dicap mau di godhogdados 1 karo obat mau nganggo banyu umeb. Bahan bathik kang wis
dados banjur dicelup.
5.
Sakwise
dicelup kain mau dibathik/ dicap mening. Kangge nutupi motif ingkang wis
diwarnai ireng. Lajeng kain mau banjur dicampuri garam ( pengobatan kaping
pindo) Warna/ obat kaping pindo yaiku warna coklat. Kain di godhog dados 1 karo
warna coklat mau. Sakwise digodhog kain banjur di jemur.”
Ulfah :
“Kinten-kinten pinten wekdal ingkang dibetahaken kagem ndamel 1 kain bathik?”
H.Darsono :
“Yen bathik cap 5 kodi – 6 kodi mbutuhake waktu 10 dina yaiku ana 120 potong.
Perpotong diregani Rp 50.000.-
Yen bathik tulis, 1 lembar kain bathik sederhana
paling cepet mbutuhake waktu 10 minggu. Rega bathik tulis 1 lembare kurang
lewih 1yuta.”
Ulfah :
“Sakniki kepripun perkembangan bathik Kebumen? Punapa sampun kathah ingkang
minat utawi tertarik, khususipun kawula mudha?”
H.Darsono :
“Sakniki wis akeh kang tertarik marang bathik daripada jaman mbiyen, termasuk
kawula mudha.”
Ulfah :
“ Kepripun apresiasinipun kawula mudha dhumateng kabudayaan punika?”
H.Darsono :
“Wonten penerus saking kawula mudha. Malahan wonten pameran kang dianakake ing
Semarang, Medan, Manado lan Malaysia.”
Ulfah :
“Matur nuwun sanget nggih, Pak saking keteranganipun lan wekdalipun. Semanten
kemawon bilih wonten kelepatan nyuwun pangapunten.”
C. DOKUMENTASI