Super Kawaii Cute Cat Kaoani

Jumat, 19 April 2013

Contoh Makalah Batik (Basa Jawa)

Diposting oleh MAYA AFIFAH di 10.24 0 komentar

I.       PURWAKA

Puji Syukur dhumateng ngarsaning Gusti ingkang Maha Wikan, awit saking rahmat lan kamirahanipun, kita saged ngrampungaken panyeratan laporan punika. Judulipun laporan inggih punika ”makalah bahasa Jawa bebagan Batik Kebumen”. Laporan punika karonce kangge nglengkapi tugas Bahasa Jawi bebagan Wawanrembag.
Wonten ing penyeratan laporan punika, penulis nghaturaken agunging panuwun dhumateng pihak-pihak ingkang sampun ndukung kelancaraning  wawanrembag punika. Maturnuwun kaaturaken dhumateng .
1.    Bapak Haji Darsono, ingkang sampun maringi sedoyo ayahan bebagan Batik Kebumen.
2.    Bapak H. Akhiran, ingkang sampun maringi ayahan bebagan babad Batik Kebumen.
3.    Ibu Hikmah ingkang sampun maringi ayahan bebagan motif-motif ingkang wonten ing Kabupaten Kebumen
Penulis ngertos dalem ngronce laporan punika kathah kakirangan. Kritik lan saran sanget dipunmawantu- wantu dening penulis.


Kebumen, 6 November 2012


  Penulis









II.           ANDHARAN
BATIK

Batik yaiku salah sawijining kabudayaan Jawi kang wis nglumantara kanthi manca negara. Batik asale saka tembung “amba” utawa nulis lan tembung “tik”. Miturut tembung iku, batik bisa diartikaken kabudayaan nulis utawa nggambar ana ing sawijining  kain lan kudu ngliwati proses-proses tertentu.
Batik kuwi akeh maceme, ana batik Kebumen, batik Pekalongan, batik Yogyakarta, batik Surakarta, lan sapanunggalane. Kuwi kabeh nduweni ciri khas dhewek-dhewek. Kayata motif, werna, lan proses gawene. Saiki batik wis dadi kabudayaane wong Indonesia kang wis dikukuhaken dening UNESCO. Batik pertama kali dikenalaken ana ing masyarakat dunia dening Presiden Soeharto ana ing konferensi PBB. Mula, kita kudu bangga marang kabudayaane kita. Aja seneng nganggo produk-produk asing. Nduweni kabudayaan luhur kaya batik ora kur kudu bangga, tapi kudu ngerti babade, cara nggawene, motif, lan sapanunggalane.
Salah sawijining batik ingkang lagi populer ana ing masyarakat yaiku batik saka Kebumen. Batik iki nduweni motif lan werna kang mrnarik. Batik Kebumen nduweni motif warisan kang wis turun menurun kanthi saiki. Motif kuwi wis ana ket 100 tahun biyen. Lan uga ana motif kontemporer, campuran saka motif warisan lan kreasi saiki. Motif warisan kayata Rama Buntung, Pisang Bali, Sekar Jagad, lan sapanunggalane. Kepriye awale batik isa mlebu ana ing kutha Kebumen?

A.   Piranti kang Dibutuhaken
Piranti kang dibutuhaken kango gawe batik yaiku
a.       Kain mori primis
Kain mori primis gunane kanggo nulis utawa nggambar corak batik. Supaya kasile batik luwih apik, kain mau direndem sedela ana ing trigu. Sawise kuwi dijemur, nembe kain isa kanggo nulis. Tapi nek ora nganggo cara kuwi ya tetep bisa kaine dibatik. 
b.      Canthing
Canthing yaiku piranti kaya cerutu kang gunane kanggo nulis utawa nggambar ana ing kain migunakake malam. Malam kang isih panas dijupuk nganggo malam. Lan salanjute kain digambar kanggo gawe corakke. Biasane para pengrajin ndamuni malam ana ing canthing supaya ora kepanasan.

c.       Malam utawa lilin
Malam utawa lilin gunane kanggo gawe corakke. Bagian kain kang ketutup malam warnane dadi putih.
d.      Kompor
Kompor gunane kanggo manasi malam utawa lilin. Yen ora dipanasaken malam utawa liline dadi atos ora cair.
e.      Pewarna
Pewarna yaiku bahan utawa zat kanggo meehi warna ana kain. Pewana isa saka pewarna alami lan sintesis. Pewarna alami kayata pandan, kunir, lan sapanunggalane.

B.   Proses Gawe Batik
 Nggawe batik nduweni proses-proses tertentu. Utamane batik tulis kang lumayan rumit. Rumite proses iki tergantung karo warna lan corak. Saya akeh lan rumit corakke uga saya angel gawene. Saya akeh wernane prosese tambah dawa. Proses gawe batik kang sederhana isa diwaca ana ngisor iki.
a.    Gawe corak
Gawe corak iku bisa sesuai kreatifitas dhewek-dhewek utawa isa gawe corak warisan. Corak iki diwujudaken ana tulisan ing kain mori. Corak digambar migunakake canthing kang diisi malam. Gunane malam yaiku kanggo mbatesi corak lan nutup supaya pas pewarnaan ora melu kena warna.  
b.   Mernani 
Kain kang uwis digambari motif tertentu, diwarnani nganggo pewarna. Carane, kain dicelupaken ana ing pewarna bola-bali trus dipepe ana ing panggonan kang iyup, aja kena matahari langsung. Tapi proses pewarnaan iki kur bisa kanggo sewarna. Yen kepenging macem-macem warna kudu mbaleni proses ket awal sawise nglorot.
c.    Nglorot 
Nglorot yaiku ngilangake malam saka kain kanthi cara digodhok. Bekas malam mau malik dadi warna putih. 
d.   Proses akhir
Proses akhir yaiku kelebu proses kanggo mepe kain lan ngurusi jragat reget ana ing kain, kayata malam sing taksih ketinggalan lan sapanunggalane. Supaya luwih menarik kain disetrika, tapi aja nganggo panas sing terlalu tinggi, amarga bisa ngrusak warna kain batik.

SEJARAH BATIK KEBUMEN

Sejarah Batik ing Kebumen diwiwiti awal abad XIX ingkang dibeta dening piyayi saking Yogya kanthi ancas kangge dakwah Islam kayata ingkang diwanuh yaiku : Penghulu Nusjaf. Penghulu Nusjaf ingkang ngembangaken baik ing Kebumen. Proses batik kapisan ing Kebumen dipunparingi asma tengabang utawi blambangan dalah saterusipun proses wekasan dipun garap ing Banyumas/Solo. Kisaran awal abad XX kagem damel polanipun dipun ginakaken kunir ingkang cap-ipun didamel saking kayu. Motif-Motif ingkang dominan yaiku : tanem-taneman lan peksi. Pewarna ingkan dipunginakaken yaiku bahan-bahan alami kayata : wit pace, kemudu, lan nilai tom. Ing taun 1920 ngginani bahan alami wiwit ditinggalaken amargi prosesipun perlu wektu ingkang boten sekedap. Pigunaan cap saking tembaga dipunkenal kisaran taun 1930 ingkang dibeta kaliyan pengusaha saking Yogyakarta.
Umumipun, batik Kebumen pancen unik sanget dalah narik  kathah perhatian pecinta Batik Tanah Air, boten sekedik ingkang saking wetu Jawa kayata Bali dalah Sumatera, malah wonten ingkang pengrajin Batik Tulis Kebumen ngandaraken menawi wonten pelanggan sampun tekan Belanda.















BABAGAN BATIK KEBUMEN

            Batik Tulis ing Kebumen dadi: 1. Batik Tulis Klasik, 2. Batik Tulis Kontemporer. Batik tulis klasik kalebu batik tradisional. Batik iki duweni ciri, werna luwih peteng. Proses kanggo damel batik tulis klasik mbutuhake wektu kisaran 10 dina nganti sewulan.  Pewarnaanipun ngaangge sistem celup tumpangan. Mula wektu pendamelane luwih suwe. Batik tulis kontemporer kalebu batik kang rada njeketek, boten serumit batik tulis klasik. Batik iki duweni ciri, werna luwih cerah. Wektu pendamelana kisaran seminggu sampun dadi.
            Awal mula motif batik ing Kebumen, ningali saking apa kang ana ing lingkungan sekiare utawi papan ingkang pundi batikipun didamel. Papan-papan pengrajin batik ing Kebumen kayata ing Tanuraksan, Pejagoan, Alian, lan Jemur. Sepintas, motif-motif batik ing tiap dhaerah ketingal pada. Nanging, mesti beda. Bedanipun yaiku ing isen-isenan. Batik Tanuraksan isen-isenanipun kayata motif ‘ceker ayam’, batik Jemur kayata ‘gringsing’. Werna khas batik kebumen yaiku coklat, biru, ijo. Werna ijo uga campuran werna biru ditambah kuning.
            Motif-motif batik Kebumen awalipun wonten filosofinipun. Motif ingkang khas Kebumen kayata ‘sekar jagad’ dalah ‘semen romo’. Nanging, sairing perkembangane jaman, kreasi para pengrajin saya suwe saya kreatif. Mula filosofi ing motif batik wiwit ditinggalaken.
            Batik cap uga kathah wonten ing Kebumen. Anggen batik cap, wektu pendamelanipun luwih cepet. Ing seminggu saged damel dados 40 kodi lembar kain batik. Reginipun uga luwih murah.
            Minatipun masarakat kalian batik ing Kebumen radi kathah. Peminatipun kayata ing kalangan dinas (PNS), sekolah, instansi swasta, lan organisasi. Ing Kebumen uga ana paguyuban pengrajin batik ing wujud Paguyuban Klaser Batik Kebumen. Para pengrajin, dameli batik kangge keperluan usaha uga kangge nglestantunaken budaya batik ing Kebumen.



MOTIF-MOTIF BATIK

  • Motif Sekar Jagad
Motif iki duweni makna ayu dalah kaendahan saengga tiyang sanes ingkang ningali saged kesengsem. Wonten ugi ingkang duweni anggepan anggen motif Sekar Jagad asalipun saking basa Jawi (kar=peta; jagad: dunya), saengga motif iki ugi nggambarake keragaman ing dunya.
























  • Motif Semen Rama
Motif iki nggambarake saking “kauripan kang semi” (kauripan kang mulya lan makmur). Wonten ornamen kang pokok ing motif-motif semen. Kayata motif tanem-taneman utawi kewan kang sikile sekawan. Lajeng, ornamen kang ana kaitane dening udara, kayata garuda, peksi, dalah megamendung, ornamen kang ana kaitane dening laut utawi banyu, kayata, ula, iwak, dalah kodhok. Jinis ornamen kasebut mbok bilih ana kaitane dening paham Triloka utawi Tribawana. Paham kasebut yaiku warahan babagan anane tiga dunya : dunya tengah papan urip manungsa, dunya dhuwur papan para dewa dalah para suci, sarta dunya andhap yaiku papan manungsa kang kauripanipun kathah angkara murka.






















  • Motif Kopi Pecah
Motif iki nggambarake simbol-simbol pertanian dalah kagiyatan mbatik ing sadinanipun si pembatik. Gambaripun yaiku kopi ikang sampun mlethak.












  • Motif Gringsing
Motif iki saking ‘gring’ = lara, dalah ‘sing’ duweni arti ‘boten’. Arti motif iku yaiku nolah segalane penyakit.












  • Motif Blaburan Garuda
Batik iki kalebu batik klasih ingkang duweni makna yaiku simbol kegagahan dalah kejantanan ing kauripan. Manuk garuda ing pandangan masarakat Jawa duweni kadudukan kang penting kanggo simbol kegagahan. Motif iki wonten kaitanipun saking kapercayaan masa lalu. Garuda yaiku tumpangan Batara Wisnu kang dikenali kasebat Dewa Matahari. Dadi, kajaba iku ugi diarani simbol kejantanan.





















III.  WUSANA

A.      Pungkasan
Sejarah Batik ing Kebumen diwiwiti awal abad XIX ingkang dibekta dening piyayi saking Yogya kanthi ancas kangge dakwah Islam kayata ingkang diwanuh yaiku : Penghulu Nusjaf,  Penghulu ingkang ngembangaken baik ing Kebumen.
Umumipun, batik Kebumen pancen unik sanget dalah narik  kathah perhatian pecinta Batik Tanah Air, boten sekedik ingkang saking wetu Jawa kayata Bali dalah Sumatera, malah wonten ingkang pengrajin Batik Tulis Kebumen ngandaraken menawi wonten pelanggan sampun tekan Belanda.
Batik Tulis ing Kebumen dadi: 1. Batik Tulis Klasik, 2. Batik Tulis Kontemporer. Batik tulis klasik kalebu batik tradisional. Batik iki duweni ciri, werna luwih peteng. Proses kanggo damel batik tulis klasik mbutuhake wektu kisaran 10 dina nganti sewulan. Batik cap uga kathah wonten ing Kebumen. Anggen batik cap, wektu pendamelanipun luwih cepet. Ing seminggu saged damel dados 40 kodi lembar kain batik. Reginipun uga luwih murah.
Awal mula motif batik ing Kebumen, ningali saking apa kang ana ing lingkungan sekiare utawi papan ingkang pundi batikipun didamel. Papan-papan pengrajin batik ing Kebumen kayata ing Tanuraksan, Pejagoan, Alian, lan Jemur. Sepintas, motif-motif batik ing tiap dhaerah ketingal pada. Contoh motif batik ingkang wonten ing kebumen, iku kayata Motif Sekar Jagad, Motif Semen Rama, Motif Kopi pecah, Motif Gringsing, lan Motif Blaburan Garuda.

B.      Saran
Saking andharan ingkang sampun dijlentrehaken, saged dipundhut kesimpulan kados punika :
1.       Pamarentah supados ndukung batik ing kebumen kanthi dukungan finansial utawi material
2.       Pamarentah supados nyebaraken informasi ngenani batik kebumen ing media massa.
3.       Masyarakat supados tumut nglestarikaken batik kebumen kanthi tumbas batik asli kebumen.


IV.    LAMPIRAN

A.    WAWANREMBAG

  1. Pambicara       : Bapak H. Darsono (60)
Papan              : RT. 04/II Tanuraksan, Gemeksekti, Kebumen
Tanggal           : 27 Oktober 2012

  1. Pambicara       : Bapak H. Akhiran (52)
Papan              : RT. 04/II Tanuraksan, Gemeksekti, Kebumen
Tanggal           : 3 November 2012

  1. Pambicara       : Ibu Hikmah (39)
Papan              : Jl. Karangsambung RT.06/II Gemeksekti, Kebumen
Tanggal           : 5 November 2012
















B.     DIALOG WAWANREMBAG

Ulfah                 : “Sugeng enjang, Pak. Kula Ulfah saking SMA N 1 Kebumen. Niki Nisa, Sulwan, Maya lan Syafiqoh. Kula lan kanca-kanca badhe nyuwun wekdalipun panjenengan kagem wawanrembag, punapa saged, Pak?”
H. Darsono      :  “ inggih saged mas, mba. Bebagan apa ya?”
Ulfah                 : “Kula lan kanca- kanca badhe nyuwun priksa babagan bathik Kebumen. Sumangga, Pak  dipunwiwiti kemawon

Ulfah                 : “Bathik punika mlebet wonten Kebumen awit taun pinten nggih, Pak?”
H.Darsono       : “Bathik mlebu wonten Kebumen wiwit taun 1968.”
Ulfah            : “Punika wiwitanipun kepripun bathik saged mlebet wonten kuto Kebumen?”
H. Darsono      : “Wiwitanipun wonten bathik khas Kebumen. Nalika iku dipunkumpulaken ing Jawa Tengah. Kaya ing Kampus UGM, Universitas Diponegoro lan sakpanunggalanipun. Istilahe nganakake seminar. Seminar bathik menika teksih nganggo peralatan saking perindustrian. Wektu iku bapak melu seminar menika.”
Ulfah                 : “Sinten ingkang mbekta kebudhayaan punika?”
H.Darsono       : “Wong kang melu seminar menika, menawi wangsul menyang kota Kebumen nggawe usaha bathik kaya bapak lan rencang- rencang.”
Ulfah                 : “Punapa bathik Kebumen namung wonten ing dhaerah tertentu, kayata Pejagoan Tanuraksan?”
H.Darsono      : “Mboten. Yen bathik cap khusus wonten dhaerah Kebumen lan Tanuraksan. Namung wonten ugi bathik tulis, yaiku wonten ing Aliyan, Jemur lan Pejagoan.”

Ulfah                 : “Bathik wonten ing dhaerah- dhaerah anggadhahi motif ingkang khas, kayata Ngayogyakarta lan Surakarta ingkang saged dibentenaken kaliyan sanesipun. Punapa bathik Kebumen inggih gadhah?”
H.Darsono       : “Gadhah. Yaiku motif burung walet kang ana ing motif sekar jagat.”
Kejaba iku bathik Kebumen ugi anggadhahi motif liyane. Yaiku semen rama, rama bunting, pisang bali, bubur sentre lan gingsing. Sakjane bapak anggadhahi 50 motif, nanging bapak kesupen.

Ulfah                 : “Kadosipun bathik Kebumen anggadhahi warna khas, punapa punika Pak?”
H.Darsono       : “Kanggo motif sekar jagat nggunakake warna coklat lan ireng. Nanging sakniki akeh ingkang warna-warni kaya warna biru lan sakpanunggalanipun.”
Ulfah                 : “Pirantinipun punapa kemawon ingkang dibetahaken kagem ndamel batik? Lan ginanipun piranti punika kagem punapa?”
H.Darsono         : “Bahanipun yaiku :
1.       Mori
                            Kapas diproses dados kain. Kain menika dijenengi mori utawi prima
2.       Malam utawa lilin
                            Malam utawa lilin menika digawe saka :
3.       Ganda utawa paraffin
4.       Songka saka getah pines
5.       Mata kucing
6.       Mikrolas
                     Bahan – bahan menika dipanasaken ngantos mendidih. Sakwise mendidih lajeng diademake lan dicampur minyak gajih
7.       Cap bathik
                      Motif bathik Kebumen yaiku sekar jagat, semen rama, rama bunting, pisang   bali, bubur sentre, gingsing lan liya-liyane
8.       Obat utawa warna
                     Warna  bathik celup yaiku ireng, coklat lan biru. Warna ireng digawe saka campuran ASBO + ASG+ ASBR + Postik. Yen warna coklat digawe saka campuran ASG + ASBO + ASBR + Postik. Warna biru digawe saka campuran biru B + Ireng. Garam digawe saka campuran Biru B + Merah B + Merah R. “

Ulfah                 : “Kagem pewarnaan niku ngagem bahan alami utawi sintesis, Pak?”
H.Darsono      : “Sakniki nganggo warna sintesis amarga warna alami wis larang lan langka. Ing Jogja warna alami ngantos kira-kira 2 yuta.”
Ulfah                 : “Kepripun caranipun ndamel bathik, Pak? Lumampahan punapa kemawon ingkang kedah ditindakaken?”
H.Darsono      : “Carane nggawe batik yaiku :
1.    Siapaken alat lan bahan mau ingkang wis disebutaken.
2.    Banjur kain dicetak utawa dicap ngagem cap kain. Cap kain menika digawe saka tembaga.
3.    Sawise dicap, kain menika di obati utawa diwarnai.
4.    Pengobatan sepindah kain diwei warna ireng kang wis dicampuri bahan ASBO+ ASG + ASBR+Postik. Warna liyane yaiku biru ingkang campurane wis disebutaken mau. Kain kang wis dicap mau di godhogdados 1 karo obat mau  nganggo banyu umeb. Bahan bathik kang wis dados banjur dicelup.
5.    Sakwise dicelup kain mau dibathik/ dicap mening. Kangge nutupi motif ingkang wis diwarnai ireng. Lajeng kain mau banjur dicampuri garam ( pengobatan kaping pindo) Warna/ obat kaping pindo yaiku warna coklat. Kain di godhog dados 1 karo warna coklat mau. Sakwise digodhog kain banjur di jemur.”
Ulfah                 : “Kinten-kinten pinten wekdal ingkang dibetahaken kagem ndamel 1 kain bathik?”
H.Darsono      : “Yen bathik cap 5 kodi – 6 kodi mbutuhake waktu 10 dina yaiku ana 120 potong. Perpotong diregani Rp 50.000.-
                     Yen bathik tulis, 1 lembar kain bathik sederhana paling cepet mbutuhake waktu 10 minggu. Rega bathik tulis 1 lembare kurang lewih 1yuta.”
Ulfah                 : “Sakniki kepripun perkembangan bathik Kebumen? Punapa sampun kathah ingkang minat utawi tertarik, khususipun kawula mudha?”
H.Darsono      : “Sakniki wis akeh kang tertarik marang bathik daripada jaman mbiyen, termasuk kawula mudha.”
Ulfah                 : “ Kepripun apresiasinipun kawula mudha dhumateng kabudayaan punika?”
H.Darsono      : “Wonten penerus saking kawula mudha. Malahan wonten pameran kang dianakake ing Semarang, Medan, Manado lan Malaysia.”
Ulfah                 : “Matur nuwun sanget nggih, Pak saking keteranganipun lan wekdalipun. Semanten kemawon bilih wonten kelepatan nyuwun pangapunten.”


C.     DOKUMENTASI




















 

MAYA'S LIFE Template by Ipietoon Blogger Template | Gadget Review